Contoh Pidato Sesorah Basa Jawa Pahargyan, Siraman dan Midodareni






Bagi teman-teman kelas XII baik untuk mencari materi maupun untuk persiapan ujian praktek, yang butuh contoh pidato basa jawa pernikahan jawa atau sesorah kang magepokan karo adat mantu ana ing jawa. Disini saya akan berbagi Contoh Pidato Sesorah Basa Jawa Pahargyan, Siraman dan Midodareni
Ada beberapa jenis sesorah yang disesuaikan dengan urutannya, yaitu:
  1. Atur nalika Ndhodhog kori(nembung) lan panampane.
  2. Atur pasrah paningset lan panampane.
  3. Atur pasrah banyu siraman lan panampane.
  4. Atur pasrah penganten lanang nalika acara midodari lan panampane.
  5. Atur pamitan midodari lan waluyane
  6. Atur pasrah penganten lanang nalika arep ijab lan panampane.
  7. Atur pasrah penganten lanang nalika arep majemuk(temu) lan panampane.
  8. Atur pasrah penganten sarimbit nalika ngundhuh mantu(sepasarahn) lan panampane.
  9. Atur pambagyaharja ana ing adicara siraman, midodaren, majemuk utawa ing pahargyan.
Disini akan saya berikan contoh sesorah Pahargyan, Siraman dan Midodareni.



PAHARGYAN PENGANTEN


Assalamu’alaikun Wr.Wb
Alhamdulillahirabbil’alamiin, washolaatu wassa laama’ala asysyrofil ambiyaaki wal mursaliin, wa’ala aalihi wa askhaabihi ajma’in. Ama ba’du.
Nuwun!

Panjenenganipun ingkang satuhu kinabekten, para sesepuh dalah pinisepuh ingkang anggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen.
Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, ingkang kinarya pangayomaning para kawula dasih ingkang pantes sinudarrsana.
Sumawana sanggyaning para rawuh kakung miwah putri, ingkang dahat kinurmatan.
Langkung rumiyin ngengeti kula sadaya titah sawantah ingkang pinurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga angunjukaken puja-puji syukur dhumateng panjenenganipun ingkang sampun kapareng ngrentahaken rahmat lan hidayah-Ipun miwah kawilujengan saha kalodhangan saengga kula sadaya saged anjenengi ing ratri/siang menika kanthi winantu ing suka basuki lumintua ing salami-laminipun. Amin.
Salajengipun saestu linepatna ing deduka, tinebihna ing tulak sarik, dene kula kumantun lumaraping atur saengga ngirangi kamardikan panjenengan sadaya ingkang nedheng eca wawan pangandikan.
Nuwun, inggih awrat mundhi panyuwunipun adhi kula pun Drs. Harjuna Sasrabahu sekalian, lumantar sedherek Panata Laksita supados paring sabta tamanutawa ular-ular risang penganten sarimbit. Pancenipun awrat amargi dereng drajatkula supados ngaturi ular-ular menika.
Suka wawasan prayoginipun bebrayan utawi ambyurr ing samodraning bebrayan agung jer senadyan kula ing prekawis panggulawentah saestu kantun kalitan nakmas penganten kekalih, ananging prekawis pangalaman kula langkung sepuh sarta langkung rumiyin anggenipun bebrayan, mesthiniipun langkung kathah pengalaman sarta seserapanipun prekawis meniika.
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, pinisepuh menapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang luhuring budi, keparenga sami paring pangestu dhumateng kula, supados saged dumugining sedya anggen kula amakili panjenengans adaya, suka wawasan tumrap theg kliweranipun ngambah bebrayan agung menika.

Anakmas temanten kekalih ingkang manggih bagya mulya.
Gegaran tumrap gesang bebrayan menika kedah nindakaken Ma lima, inggih menika saking tembung mlumah, mengkurep, modot, mlebu, lan metu.
Saderengipun kula njlentrehaken, sasampuna panjenengan sampun sami gumujeng sarta kagungan penggalihan bilih tembung-tembung kasebut mengku teges lekoh utawa saru.
Mlumah menika werdinipun nglumahaken tangan, tegesipun remen makarya utawi nyambut damel, minangka lantaran nyenyadhong dhateng Gusti Allah SWT dhawahing rezeki saking panjengan-Ipun.
Sadamel-damelipun dipun tlattosi satemah  ing samangkenipun nggadhahi kesagedan ing satunggaling prekawis, dados nyambut damel menapa kemawon sageda sampun ngantos gontas-gantos pedamelan , ananging salah satunggal dipun antepi sarta dipun udi/dipun redi ingkang saestu.
Mengkurep , tiyang gesang ing alam donya menika remena dhateng weweh utawi tetulung dhateng tiyang sanes, lan suthik pikantuk pangalembana. Kanthi mekaten menawi weweh utawi damel kesaenan dhateng tiyang sanes kaumpamekaken nyimpen sekar ing lemantun wesi, kuncinipun lemantun wau tiyang sanes ingkang bekta sarta bikak, sampun ngantos awkipun piyambak  ingkang mbikak. Menawi ingkang mbikak lemantun (kesaenan) wau tiyang sanes makaten  gandanipin nggambar arum boten badhe ical-ical.
Modod , menika tegesipun sami kaliyan mulur werdinipun tiyang gesang ing alam donya menika kedah tansah mulur utawi kreatif nalaripun manut kemajenganing jaman. Samenika jaman globalisasi, tegesipun jagad ingkang wiyar menika wates-watesipun sampun ical, temahan tiyang sadonya menika saged pados panggesangan ing pundi papan. Kanthi mekaten gesang ing samangke tansaya awrat sesanggenipun, amargi sami lomba kaliyan warga negari manca, boten namung kaliyan warga sanagari. Pramila supados saged gesang ingkang remen kedah jembar wawasanipun satemah gadhah pambudi daya kreatif.
Mlebu, tegesipun saget nampi kemajengan, sedaya ilmu saha ketrampilan, kesagedan menapa kemawon ingkang loyogipun dhateng kesaenan kedah dipuntampi kanthi lila legawaning manah. Upami satunggaling pawongan ingkang pakaryanipun dados pradangga mangka wekdal samangke sampun awis-awis sanget tiyang kagungan kersa utawi gadhah damel sami nggelar gangsa, pramila pawongan mau kedah kupiya pados padamelan sanes minangka sagaking gesang, ugi saged nampi saha purun boten purun nampi kemajengan seni campur sari inggih menika nggabungaken gangsa kaliyan pirantos musik elektronik lsp.
Metu, werdinipun sedaya kesagedan, ngelmi saha ketrampilan ingkan dipungadhahi kedah dipuntindakaken kepara dipuntularaken tiyang sanes. Jer nularaken ngelmi menika ngamal ingkang sae sanget lan pikantukipun lelintu ganjaran sadangunipun ngelmi ingkang dipuntularaken.
Sampun ngantos wegah utawi gadhah ngelmi nanging boten kaamalaken kados ungel-ungelan jarik lawas ing sampiran”, tegesipun ngelminipun muspra boten dipun ginakaken menapa malih dipun tular-tularaken.

Mekaten, atur wawasan ingkang saged kula aturaken mugiia wonten mupangatipun, menawi mekaten menika inggih awit peparingipun Pangeran ingkang amurba amisesa, ananging menawi kathah tuna dungkap menika inggih awit saking cubluk lan cupeting ppemanggih kula.
Wasana jenang sela wader kali sesonderan , apuranta yen wonten lepat kawula.
Akhirulkalam, Wassalamu’alaikum Wr.Wb.




SIRAMAN

Katuran dumateng Bapa dalah biyung kinasih lenggah ing damper ingkang sampun katata kanti laksana. Bapa lenggah ing sakiwa tengening penganten. Sakderengipun jinamas ing warih, risang bagus/Ni mas Calon temanten putra/putri ing ngarsanipun Bapa dalah biyung kinasih nyuwun idi pangestu dalah nyuwun agunging pangaksama mring ingkang rama miwah biyung kinasih. Awit calon temanten putra/putri badhe lumebet ing bebrayan enggal. Tangkeping asta sarwa sumembah ing pepedaning ingkang rama dalah biyung, Calon temanten putri hangaturaken : Rama dalah biyung kinasih, kula ngaturaken sungkem pangabekti saha nyuwun agunging pangaksama sedaya kalepatan kula, sarta nyuwun tambahing pandonga pangestu anggen kula badhe dhaup palakrama kaliyan ………………….. Ngger,  putraku/putriku, dak tampa pangabektimu. Wis dadi kewajiban wong tuwa loro manggulo wentah kowe yo ngger putraku/putriku, Yen ono nakale lan wangkaling anak iku wis lumrah. Ora ono kaluputan sing kok sandang, kalamun lego lilo aku lan ibumu paring pangapuro. Dak paringi pangestu anggonmu arep jejodoan, tak dongakno  mring Gusti kang Mahakuwasa mugo-mugo bgyo mulyo uripmu sempulur nganti sak lawase. Sanadyano mboten namung meniko ingkang putra/putri sumungkem ing pepadanira ingkang rama dalah biyung. Nanging raosing penggalih ingkang rama dalah biyung satuhu beda.  Tatkala sinembah pepadane, kadya sinendhal mayang bathine. Trenyuh jroning wardaya. Trenyuhing nala ingkang datan sinayudan, satemah rama dalah biyung kuwawa ngampah tumetesing waspa. Luh marawayan, tumetes tinampi kanthi lumahing asta mring kang putra. Minangka pratandha tumuruning nugraha, bilih ingkang rama dalah biyung ingkang sampun paring idi palilah, miwah pangestu dhumateng kang putra hanggenira arsa dhaup palakrama. Paripurna ngabekti ing pepadanira ingkang rama kakung dalah biyung kinasih, Kang Putra calon temanten mring ingkang rama dalah biyung lumampah tumuju sasana jamas pasiraman. Amrih samekta miwah gangsar samudayanipun, keparenga kula aturi uninga bilih ingkang badhe paring jamas pasiraman samangke inggih menika, para pepundhen, para pini sepuh, pitu cacahipun. Pinilih gunggung pitu amrih risang calon pinanganten putra/putri tansah pikantuh pitulungan, kinasih ing sasama, cinaket mring Gusti. Para pepundhen dalah pinisepuh ingkang kula aturaken kala wau inggih menika : 
1.  Rama ………….. 
2.  Biyung ………… 
3.  Eyang ………… 
Keparenga dumateng para pepundhen, para pinisepuh kasuwun pangestunipun paring jamas pasiraman dhumateng risang calon pinananganten putra/putri. Ingkang sepindhah paring jamas pasiraman nun inggih Rama kakung ……………… kanthi kebak ing pangati-ati, sarwa sarwi binarung donga suci lumebering toya waradung saranduning sarira risang bagus/ahayu. Ancles kadya siniram tirta sawindu, mahanani, ayem,temtrem sajroning nala. Ing kaping kalehipun, kasuwun ibu biyung kinasih paring pangestu sesuci, age-age marepegi ingkang putra/putri. Kebak ing sutresna, jinamas ing warih risang calon pianganten putra/putri. Waradin ing sarira saking pucuking rikma dumugi samparaning rissang bagus/ahayu. Salajengipun keparenga ingkang Eyang, nun inggih Eyang …………………………… paring pangestu dhumateng wayah, kanthi pangestu suci dhiri karana paring jamas pasiraman toya suci perwita adi. Ketang tresnaning eyang marang wayah, sakderengipun angguyur toya paring puji pandonga rahayu. Kanthi pinaringan toya perwita sari mugiya calon pinanganten putra/putri hayem, tentrem, kadya pinaringan pangayoman risang bagus/ahayu mring ingkang eyang dupi pinaringan pamuji donga miwah siniram ing warih suci. Katuran dumateng……. Mugi risang bagus/ahayu saged kasawaban mring kawegigan miwah kawicaksanan. Satemah ing tembe saged kasil ing babagan pakaryan.Katuran dumateng ibu……….. paring jamas pasiraman, mugi Calon pinanganten putra/putri sageta nderekaken sun tuladanaipun ibu….. Keparenga ibu……….. mugi calon pinanganten saged nulad mring ibu…………… Ingkang pungkasan kasuwun dumateng ibu ………………….. paring idi pangestu dalah  paring jamas pasiraman, mugya pinanganten putri saged handerekaken hambangun kulawarga ingkang bagya mulya. Jangkep pitu cacahe para pepundhen paring jamas pasiraman. Mugi-mugi suci lahir lan bathine risang bagus/ahayu satemah madhep mantep anggenipun calon pinanganten ing dinten benjang badhe nglampahi upacara suci sarta sakral agung inggih punika adicara palakrama. Mawantu-wantu Bapak/Ibu ………… ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, Muhung Gusti Kang Maha mirah ingkang badhe males luhuring budi panjenengan sadaya. Amin. SESUCI MECAH KEDHI Saklajengipun Bapak ………….. paring toya sesuci ingkang mijil saking telengih kendhi pratala. Kendhi wus ngarani wadhah, pratala ateges lemah. Ilining toya boten pedhot mratandahani. Sempulur ing karahayon, sempulur anggenipun kagungan kersa, sempulur ing sandang, boga, donya brana. Kanthi sesucen menika, mugi-mugi risang bagus/ahayu anggenipun badhe ngayahi wajib, kalis ing godha rencana, kalis ing sambikala, hamung rahayu kang bakal tinemu. PANGKAS RIKMA Titi laksana salajengipun nun inggih Bpk ………. arsa mangkas rikmane ingkang putra/putri. ”Niat ingsun ngethok rikmamu angger putraku/nduk putriku, muga-muga dadiya pratandha sempuluring tuwuhmu, wilujeng, rahayu, wiwit saiki putra/putriku wis dewasa uwal saka pangkoning rama lan ibu” Pangkasan rikma winadhah ing bokor, tinampi dening ingkang ibu. Mugi risang putra/ahayu nyembadani kekudanganipun ingkang rama miwah ibu kadidene sasmita pangkas rikma nun inggih wiwit samenika risang bagus/ahayu samekta bawa priangga kalamun sampun kulawarga mangun gesang tembayatan kaliyan ingkang garwa, PONDHONGAN Rama kakung tumindak bopong pungkasan, ingkang paring sasmita hambok bilih  ing dinten menika rama kakung saged mbopong putra/putrinipun ingkang pungkasan. ”Niat ingsun mbopong putra/putriku, iki dadiya bopong kang pungkasan, sabanjure putra/putriku bisa bawa  priyangga urip tembayatan karo garwamu, kacukupan ing sandhang boga, bisaa nemu mulya lan raharja ”. NANEM RIKMA ”Niat ingsun nanem rikmane putra/putriku, kabeh lelakon kang kepungkur wis kapendhem, hamung thukula kabecikan tumraping bebrayan, rahayu, widada, nir ing sambi kala ”. DULANG PUNGKASAN ”Niat ingsun ndulang putra/putriku, pamujiku dulangan iki dadiya dulangan kang pungkasan. Ing sabanjure putra/putriku bisaa madeg ing pribadine dewe, nampa kanugrahaning Gusti, dadiya pangayoming sasama, sempulur ing salawase, widada, nir ing sambikala SADE DHAWET Kawuryan Bpk/Ibu ……… sampun miyos saking panti. Ibu ………. ngindhit wakul minangka wadhahing arta asiling sade dhawet. Dene ingkang garwa nenggih Bapak ………. ngasta songsong, kang wus sawega paring pepayung mring kang garwa. Ateges dadi wong tinitah kakung mono kudu bisa paring pengayoman mring ingkang garwa amrih ingkang tinitah wadon ayem, tentrem, kalis saking was sumelang . Sarwa-sarwi Ibu ……… mundhut dhawet, dhawet kaaturaken Bapak …………….. ” Bapakne, piye rasane ? ” ” Enak tenan , Bune ” Rame anggenaira antri samya mundhut dhawet,  dadya pratandha kalamun ing dinten benjing, rawuhipun para tamu antri dalidir kadya kang samya mundhut dhawet. Sarwa-sarwi mirah, hanggenira Ibu ………….sade dhawet, dhawete ayu, manis ing rasa, mila samya suka pari suka ingkang samya antri badhe mundhut dhawet. Mboten wonten ingkang kuciwa ing rasa, samya suka ing nala. Kajawi punika, sadayan dhawet ugi dados pratandha bilih bpk/ibu ……….. suka dene mring sesami. Satemene sapa wonge murah mring sasama, bakal pinaringan murah mring Gusti kang Maha Kuwasa. Makaten napa ingkang saget kula aturaken wonten adicara Siraman menika, mboten kesupen kula ing ngriki minangka sesulihipun ingkang hamengku gati, ngambali atur sugeng rawuh sinartan atur agunging panuwun ingkan tanpa pepindang rehning panjenengan para tamu sampun minangkani pamundhutipun Bpk/Ibu ……………. PARA RAWUH PARA LENGGAH Dening kula nindakaken urut reroncenipun adicara, milai purwa dumugi paripurna tartamtu kathah kekirangananipun ugi kekilafan kula, mila menika kula namung nyenyadhong lumunturing sih samodra pangaksama dumateng ingkang hamengku gati ugi panjenengan sedaya, labed budi daya kula manungsa. Nuwun




MIDODARENI

Nuwun.
Sanggyaning para rawuh ingkang kinurmatan, kawuryan saking mandrawa risang calon penganten miwah sapengombyong sampun arsa prptaa ing wismaning pamengku gati. Praptanira calon pinanganten miwah pengombyong ngturaken pambagya kawilujengan.
Nalika semana risang penganten kakung miwah pangombyong sampun kepareng mrtitisaken satataning lampah sinengkuyung mring para kadang miwah sentana, karsanipun Bapak-Ibu-------ingkang arsa bebesanan kaliyan bapak-ibu-------kawuryan saking mandrawa kathik ngasta saniskaraning ubarampe srah-srahan, manekawarni wujud lan
warnanira.
Wus tinata lampahing risang calon peganten kakung miwah pangombyong. Ingkang wonten ing ngarsa nun inggih tetuungguling lampah Bapak-------Sapungkurnya Bapak-ibu-------nganthi calon penganten kakung nun inggih Bagus-------. Lampahira kadherekaken para kadang sentana kang sawega jumurung mring karsaning kang arsa bebesanan.
Ing driya baraya agung Bapak-ibu-------tansah muji syukur mring ngarsaning pangeran awit tindakira sampun jinangkung mring Gusti Kang Maha Welas lan Asih. Rahayu widada lampahnya saking------dumugi wonten ing-------nenggih ing wismanira sang pamengku gati bapak-ibu------.
Keparenga kula igkang kajibah mratitisaken tata rakiting adicara. Menggah adicara ing dalu menika karacik mekaten. Ingkang sepisan pambuka, adicara ingkang angka kalih atur pambagyaharja. Sasampunipun adicara atur pambagyaharja tumul ngancik titi laksana wedhar tumanggaping gati, minangka adicara ingkang kaping tiga miwah ingkang kaping sekawan. Kalajengaken lung tinampi srah-srahan, minangka adicara ingkang kaping gangsal. Adicara ingkang kaping nem inggih menika tilik nilik, kalajengaken kembul bujana minangka adicara ingkang kaping pitu. Titi laksana ingkang salajengipun atur pamit saking kulawarga calon besan sarta badhe tinanggapan mring pamengku karsa. Pethiting titi laksana calon penganten kakung badhe pinaringan busana kancing gelung. Kapungkasan kanthi penutup.
Mekaten kalawau menggah adicara ing dalu menika. Sumangga adicara binuka kanthi ndedonga manut agami lan kapitayanipun piyambak-piyambak. Sumangga kula dherekaken.
Matur nuwun. Mugi Gusti ingkang maha kawasa kersa paring sih nugraha satemah tumapakin karya saged kalis sambekala. Para tamu ingkang kinurmatan, sawetawis panjenengan lenggah, pramila kepareng ingkang hamengku gati Bapak-ibu--------badhe ngaturaken pambagyaharja. Dene ingkang minangka wakilipun nun inggih Bapak-------dhumateng Bapak---------sumangga.
Matur nuwun wonten ngarsanipun bapak------. Tumuli kalajengaken wedharing gati saking kulawarga calon besan. Dene ingkang badhe mbabar pangandikan nun inggih bapak------. Sasana miwah pandaya wara kula sumanggakaken.
Wedharing gati sampun kababar mring penjenenganipun bapak--------. Salajengipun keparenga bapak----dipunampingi bapak-ibu-------nampi sedaya syarat sarana srah-srahan paningset. Dipunawiti kanthi ajejawat asta. Sumangga ingkang sepisan pisang sanggan kaaturaken bapak----- dhumateng bapak------. Pisang sanggan lajeng kaaturaken dhumateng ibu pamengku gati.
Sampun paripurna, kepareng sedaya lenggah ing papan piniji. Kajawi panjenenganipun bapak-----minangka wakilipun bapak ibu--------pamengk gati. Kanthi dipunapingi bapak-ibu------kepareng bapak---mbabar pangandikan tumanggap wacana mring calon besan. Sumangga!
Wedhar tumanggaping gati sampun paripurna, awit saking keparengipun ingkang mengku gati, sukaning galih, panjenengan kaaturan kembul bujana kanthi ladi pribadi utawi prasmanan. Mligi kangge ibu-ibu calon kulawarga besan, saderengipun kembul bujana kepareng tilik nitik (niti priksa) kados pundi kasamaptaanipun calon penganten putrid wonten panti busana. Sumangga keparenga para pinisepuh ngrumiyini amrih ingkang mudha boten jeguh prakewuh.
Wus paripurna kembul bujana, pramila sampun dumugi wancinipun kalamun kulawarga calon besan ngersakaken kondur. Pramila dhumateng bapak-------kersaa jengkar saking palenggahan badhe mundhut pamit. Sumangga!
Tumanggaping atur pamitan badhe kasariran bapak------. Sumangga!
Salajengipun kepareng bapak-ibu------jumeneng jajar aben ajen kaliyan calon penganten kakung. Bapak------badhe paring busana kancing gelung dhumateng dhimas----------.

Kanthi mekaten sampun paripurna adicara midodareni ing ndalu menika. Kula sakadang ngayahi kalamun wonten solah bawa miwah muna-muni ingkang kirang mranani ing penggalih nyuwun pangaksama. Kula pribadi minangka pambiwara, kalamuun wonten kithaling basa, ceweting ukara, mugi paduka para tamu kersa paring pangaksama. Sugeng kondur, sugeng dalu. Nuwun.  



Selengkapnya Tentang Contoh Pidato Sesorah Basa Jawa Pahargyan, Siraman dan Midodareni